Tradhisi Kacar Kucur ing Prosesi Ningkahan ing Laladan Jawa Tengah

TRADHISI KACAR KUCUR Kacar kucur asale saka tembung "kacar" kang ateges "bercahaya" lan "kucur" kang ateges "mili". kanthi harfiah, tradhisi iki nggambarake konsep kabegjan kang mili lan ngisi kauripan. jroning konteks sosial, kacar kucur dadi simbul pangajab ben seneng lan rezeki oleh mili tanpa henti jroning urip pawongan. Tradhisi kacar kucur ya iku sawijining wangun budaya kang sugih ing jawa. biyasane dilaksanakake jero rerangkening adicara ningkahan, tradhisi iki sarat karo makna simbolis kang mendalam. Kacar kucur iku salah sawijining prosesi ing acara manten adat Jawa sing nduweni arti minangka tandha tanggung jawab lan kesejahteraan. Ing prosesi iki, penganten lanang ngucurake dhuwit lan pari ing tangan penganten wadon. Tumindhak iki nglambangake yen penganten lanang masrahake tanggung jawab ekonomi kanggo keluargane marang bojone. Uga ngemu pengarep-arep supaya urip rumah tanggane tansah cukup, makmur, lan tentrem. Pepakan kang digunaka...